Demi mempertahankan pamor toko jamu kesuburan turun-temurun keluarga dari cibiran tetangga, sepasang suami istri yang sudah lama menikah namun belum memiliki anak ini rela berpura-pura hamil agar bisa mengakui bayi yang mereka temukan sebagai anak kandungnya.
Wis mbuh lah Mas Bay, ngelu aku ngeloki filmmu sing Iki kakean cocot tapi isu sosial ga dieksekusi secara apik, durung neh Iki meh koyok pertama kali direct film ae, kuaku polll.... Pegel aku oleh ndelok
Menurutku Iki eman temen Mas Bay... Potensi e gede tapi secara naskah Nona Ica karo directing e Mas Bay iki keroso kurang mateng, bahkan rasane ketok first time director (ya... ancen film social commentary pertama e Mas Bay se...)
Film Iki ndek awal menjanjikan banget! shot-shot cocote tonggo (literally) iku nice touch se kipa sam 👍 Tapi Yo... Sisane shot2 basic banget kek bolak-balik head shot, framing2 ngunu ae... Masalah e pisan secara wardrobe jek onok kostum seng nyaru karo background; pilihan kebaya e yo menurutku kurang pas.
Isu ga ndang ndue anak Iki menarik asline, rodok ngilingno aku karo film e Ernest Prakasa, Cek Toko Sebelah 2. Tapi sayang e kurang menjero oleh nggowone. Ape nggowo dialog pernikahan, tapi dialog e mung gelud ta "kita belum bahas ini lho" tapi yo wis ga onok deep talk ta yaopo ta. Ape nggowo budaya2 Jawa soal usaha oleh anak Yo kurang diulik luwih dowo, rasane mung gawe komedi karo nggae gelud wong loro iku. Misal sng film e Ernest kan ilingku Meira oleh pengen lk wong wedok nangis jarno ae oponeh menyangkut trauma ya kan... Nah ndek kene traumane Murni yo wis ngunu tok ga ditenangno ta yaopo ngunu lho...
Secara narasi e rodok sek patriarkis bgt. Jek soal usaha sng wedok kudu berusaha ambek masalah2ane dideleh ndek wedokan. Dan urusan2 konflik ndek kene muter2 soal wong wedok. Sing lanangan gampang banget keluar dari masalah ¯\_(ツ)_/¯
Isu2 liane koyok Judol karo masang bal2an ambek sabung ayam yo wis liwat ngunu tok ga dikei akibat e yaopo ta piye ngunu... Nice info tok sam rasane.
Ayushita ndek kene tak akoni mumpuni, i feel you mbaknya! soale 10menit pertama ae isok diitung iku ngomong "mandul" ping piro, lk aku yo grebeken mumet pisan.
Film e rasane kakean cocot, persis kek cocote tonggo, kakean omong, tekstual bgt, ga show don't tell... Pas bagian resolusi koyok yowis ditumpahno ndek ujung, ehhhh terus tak kiro pas wes metu iku unek2 jek dilanjutin, terus ngunu maneh koyok ga mari2 Iki film. Mbok gek ndang ngunu lho resolusi ne piye.... Wong mek "ojok nuruti cocote tonggo" tapi suwine jyannnn ga dibangun perlahan koyok bingung pengen nyocot Iki iku terus "eh wayae resolusi" baru langsung ruame. Pegel aku oleh ndelok. Meh rong jam alias 117 menit Iki isok dipendekno lho sam... Asli Iki film e kedawan isok lue padet sisan!
Tumben Iki duduk Jancukisme wkwkwk, mek ping loro metu, iku yo teko karakter e Mas Bay (untung ae dek e ndek kene dadi wong Malang dadi masuk ae pas misuh, karo nyebut "kora-kora"). Ndek kene yo ketok koyok ati2 milih diksi cek e pas ambek setting Solo, tapi dadine kurang kentel soal kampung Solo Iki.
Warga kampung yo nyerempet koyok fully hating ndek keluargane Murni mboh lapo... Mosok gara2 propaganda ne Bu Pur isok sekampung sebenci iku. Hubungan kampung by blood iki rasane kurang guyup ngunu, terlalu Murni VS Everybody sing simpati mek Bilik Yayuk ambek karakter e Devina.
Sejujure aku ga ngerti nyapo film Iki kudu njupuk Solo, soale iso ae iki dideleh ndek Jowo ndi ae... Yo paling lk gak nduduhno pembangunan Solo karo nggowo2 Mulyono 👀